-->

Para Bajingan yang menyenangkan by Puthut EA

justaveragereader.blogspot.com

Paperback 178 pages
Published by @bukumojok.com, Desember 2016
Rating 4/5

Piye ya meh nulis review nggo boso Jowo? Soale nang buku iki wakeeehhh boso Jowo ne.  Dadine yo aku meh nulis2 nulis bab buku iki nggo bosoku sing tak nggo mben dino.  Nek do gak dong moco reviewku,  yo mungkin awakmu  yo rak cocok karo bukune. Gampang to? #mlipir sik sakdurunge dibalang karo sing nulis...

Dadi inti ceritane ki jane mung nguri2 jaman e mas Puthut rodo edan, edan ngombe  karo edan judi bareng kanca-kancane.  Kanca ne ono sing jenenge Bagor,  Kapsul, Kunthet karo sijine ora  disebut jenenge mergo wong e wes ora ono utowo  meninggal (jane meh tak wacakke Al-Fatihah nggo kancane kui, tapi kok ga ono jenenge, njuk aku kudu nyebut jenenge sopo ben dongaku tekan? Aku sedih pas moco bagian deweke ngewangi wong tuwo pas nang Mekkah....

Bab-bab awal ki critane jane yo antara lucu karo rodo mangkelke. Aku ki yo, jaman kuliah mben ora tau aeng-aeng utowo aneh-aneh. Boro-boro dugem, ngrungokke lagu ajeb-ajeb wae sirahku wes ngelu. Po meneh udud, opo ngombe po judi. Lha iki, wong papat, kok le kompak men do ngombe-ngombe karo judi. Nek menang kelakuane koyo sumugih ngono, nek kalah yo do nyungsep bareng. Mbayangke wong tuwane ki perasaane koyo ngopo nek do ngerti anake koyo ngono. Saiki wae mas Puthut wes orang tentrem atine ndelok Kali, anake, sing ngko gek-gek koyok awake deknen (tak dongakke orang wes, mas).


Bab sak teruse yo jek ajeg marai ngakak, bab Bagor nekat nantang polisi pas demo, pas nraktir makne karo pakne mangan daging asap sing jebule daging babi, karo sengit e Bagor karo bal-balan padahal sing nulis ki sweneng bal-balan sampe ditukokke kaos, tulisane sing penting ora bal-balan! po meneh pas bagian Bagor crito jaman bulan poso dikon ngisi bukber, moco kui rasane koyo ngrungokke guyonane Den Baguse Ngarso (aku ngalami banget jaman den Baguse iki ngetop saka TVRI Jogja).

Moco buku iki jan tenan marai koyo wong kenthir, ngguyu-ngguyu dewe, nek ngguyu ora iso alon sisan, bwanter sampe watuk  (ndilalah kok watuk rong mingguku kok yo orang mari-mari :( ) Pokoke moco buku iki ojo nang nggon sing rame, ngko awakmu sing isin,  aku ga njamin nek wong-wong do ndeloki,  sing ndeloki melu ngguyu ga popo,  opo sukur-sukur penasaran karo buku sing jek mbok woco, kan iso wae wong e melu keblondrok tuku bukune mas Puthut iki to? Lha nek sing ndeloki malah meh nyekel awakmu dikiro wong edan uculan  piye jal? Ngoahahahaha....

Cekake (boso Jowo ne in short utowo overall  ki opo jal?), buku iki tak rekomendasikke nggo sopo wae sing lanyah boso Jowone,  wes tau opo durung tau kenthir (aku durung tau, paling ora ngicipi dadi kenthir sediluk pas moco buku iki) Aku seneng bagian persahabatane, pas rodo sukses yo ora lali karo konco edan jaman semono. Pokoke judul e pas lah, para bajingan yang menyenangkan. Pesenku, nek awakmu tuku buku iki, ojo mbok deleh sembarangan,  samar nek ditemu adimu opo sopo wae sing ora paham arti bajingan, opo meneh celukan-celukane Bagor nggo mas penulis, kudu disensor kui 😂😂😂. Wes ah. Angel nulis review nggo boso Jowo karo tablet saka koreya sing ngertine boso enggres karo boso endonesa sing apik tur bener. Pegel le mbenekke tulisan, wong kadang aku malah ora mudeng aku mau nulis opo je wkwkwkwk....

0 Response to "Para Bajingan yang menyenangkan by Puthut EA"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel